Persijap Jepara

Persijap Jepara
logo
Jeneng dawaPersatuan Sepak bola Indonésia
Japara
ParabanSatriya Kalinyamat
Lang Sagara Jawa
Jeneng cendhakJAP, PJAP
Yasa11 April 1954
SetadhiyonGelora Bumi Kartini
Jepara, Indonésia
Momotan25.000
LigaJuara Liga 3 2019
(promosi ing Liga 2)
Kandhang
Njaban
Current season

Persatuan Sepak bola Indonésia Japara (asring dicekak Persijap utawa Persijap Jepara) ya iku klub bal-balan kang dumunung ana ing tlatah Jepara, Kabupatèn kang ana ing Jawa Tengah paling kidul Pulo Jawa. Jepara iku wujud sawijining kutha kabupatèn sing mayoritas masarakaté nyambut gawé ing sèktor indhustri pengolahan kayu. Prodhuk mèbel kayu minangka lokomotif perékonomian masarakat kabupatèn iki.

Persijap diadegaké ing taun 1954. Taun 2001 tim iki kasil lumebu jajaran Divisi Utama, sadurungé wekasané bali lumebu Divisi I. Wiwit taun 2005, Persijap sing dilatih déning Rudy William Keltjes kasil bali lumebu Divisi Utama. Kanggo mangsa 2006 Persijap gabung in Wewengkon Kulon.

Durung ana prèstasi hébat tumrap tim Persijap Senior. Nanging éwasemono Persijap wis mampu ngalahaké tim-tim gedhé ing Divisi Utama kaya déné Persipura, PSM lan PSIS Semarang. Malah kanggo PSIS Semarang, Persijap tau ngalahaké kaping pindho ing Copa Indonésia kanthi skor 2-0 ing Jepara lan 3-2 ing Semarang.

Kanggo Golongan Junior, Persijap kalebu klub gedhé ing Indonésia. Tim iki wis kaping telu njuwarani Piala Suratin (kompetisi junior paling dhuwur ing Indonésia). Kahébatan tim junior Persijap malah wis madhani tim-tim Persebaya, PSM, lan klub gedhé liyané.

Persijap Jepara duwe julukan Satriya Kalinyamat dan Lang Sagara Jawa yang main di Stadion Gelora Bumi Kartini (GBK). Persijap muter ing Liga 2 Indonesia ing musim 2020, Sawise dadi juara Liga 3 Indonesia ing musim 2019.

Persijap Jepara ngentèkaké dana gedhéné Rp12,5 miliar kanggo mèlu kompetisi bal-balan Liga Super 2010/2011.[1]

  1. Persijap Jepara Habiskan Rp12,5 Miliar Archived 2011-06-25 at the Wayback Machine. (diaksès 05 Agustus 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy